Ora krasa wis kliwat kalih wulan
Angenku ngumbara ing Kutha Bangkalan
Ing sasuwene kangenku kebrangas
Ora iso luluh tur ketemon Kang Mas
Senajan ing wengi iki angin kangenku
Tan bisa tumeka ngaras esem mu
Najan kangenku mung wujud gurit
Dak gagas bisa medhar tresna lungit
Nalika sukmane Gathutkaca mabur menyang Swargaloka
Kanthi kairang tangise pregiwa
Adhi mung tanglet
Napa niki kang diarani tresna?
Kang Mas..
Dak tulis gurit iki rikala angin kebak mendhung
Dak waca tulisan kang kapacak ing dirgantara
Sliramu kang dhuwuhake welas ing pulung
Asihku, kangenku marang Kang Mas sing setya